Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2024

Lencir Kuning

Tari Lencir Kuning inggih punika salah setunggal tarian ingkang dados ciri kas kitha Bumi Wali tercinta. Lencir Kuning piyambak nggadhahi makna ingkang asalipun saking kalih tembung inggih punika lencir lan kuning. Lencir artosipun alit ingkang dipunpendhet saking basa jawi saha kuning ingkang artosipun warni kulit 'jene langsat'. Saged dipunartosaken ugi dados setunggaling tiyang estri ingkang nggadhahi dedeg pangadeg badan inggil lan langsing saha nggadhahi kulit bewarna jene langsat. Estri lebeting konteks kasebat tumuju kalih setunggaling tiyang sekar dhusun ingkang dipuja-puja sanget dening warginipun.  Nggadhahi gerak prasaja ugi lembat, ragam gerak ingkang wonten lebet tari Lencir Kuning ngangge gerak tangan, suku, sirah lan ayunan badan mila gampil kangge dihafalken. Busana tari Lencir Kuning terinspirasi saking kearifan lokal Tuban. Ing tari puniki, properti ingkang dipunangge inggih punika sampur ingkang limrahipun bewarna jene. Tari Lencir Kuning nggadhahi durasi ki...