Lencir Kuning
Tari Lencir Kuning inggih punika salah setunggal tarian ingkang dados ciri kas kitha Bumi Wali tercinta. Lencir Kuning piyambak nggadhahi makna ingkang asalipun saking kalih tembung inggih punika lencir lan kuning. Lencir artosipun alit ingkang dipunpendhet saking basa jawi saha kuning ingkang artosipun warni kulit 'jene langsat'. Saged dipunartosaken ugi dados setunggaling tiyang estri ingkang nggadhahi dedeg pangadeg badan inggil lan langsing saha nggadhahi kulit bewarna jene langsat. Estri lebeting konteks kasebat tumuju kalih setunggaling tiyang sekar dhusun ingkang dipuja-puja sanget dening warginipun.
Nggadhahi gerak prasaja ugi lembat, ragam gerak ingkang wonten lebet tari Lencir Kuning ngangge gerak tangan, suku, sirah lan ayunan badan mila gampil kangge dihafalken. Busana tari Lencir Kuning terinspirasi saking kearifan lokal Tuban. Ing tari puniki, properti ingkang dipunangge inggih punika sampur ingkang limrahipun bewarna jene. Tari Lencir Kuning nggadhahi durasi kirang langkung 5 menit lebet saben pementasan. Ing pementasan tari Lencir Kuning asringipun tari puniki ditarikan dening tigang tiyang gumantung kebetahan.
Pementasan tari Lencir Kuning limrahipun angsal dipuntampilaken dados hiburan lebeting acara-acara kesenian, penyambutan dhayoh lan sanes sanesipun. Nanging pemanfaatan seni tari lebet gesang sapunika saged dipun sanjangaken sakedhik melebur, amargi sapunika seni tari namung dipunpentasaken ing wekdal acara-acara tertamtu mawon. Limrahipun ing wekdal wonten tetingalan utawi ing dinten perayaan ageng mawon. Tari laladan dipuntampilaken ing wekdal upacara penyambutan utawi simbol kangge nyambut dhayoh lan dados sarana hiburan palestantunan budaya.
Nama: Argya Dwie Nathaneila
Kelas: X-G
No absen: 08
"Artikel Bahasa Jawa"
Komentar
Posting Komentar